Senin, 29 Oktober 2012

berita bahasa jawa kelompok


BERITA BAHASA JAWA
Galuh (Pembawa Acara)          : sugeng enjang, para pamiyarsa medal sakmangke sesarengan kula Dyah Galuh kaliyan rencang kawula Dinda Ayu ngaturaken warsa Liputan 6 Terkini
·         Tawuran antawisipun pelajar SMA 70 kaliyan SMA 6 kedadosan wonten Jakarta Selatan dinten sabtu kepengker, ngantos wedal menika polisi taksih madosi pemicu tawuran utawa sinten ingkang ndamel gara-gara tawuran, salajengipun laporan Tim Redaksi

*      Tawuran pelajar antawis kaleh sekolahan menengah atas, Sabtu kepengker kedadosanipun wonten kawasan Bulungan, Kebayoran Baru, Jakarta Selatan. Kedadosan tawuran dipunlampahi saking SMA 70 lan SMA 6 Jakarta Selatan. Rekadaya supados menang kaliyan mengsahipun sami mbekta alat-alat kangge beladiri kados to pring, sabuk bermata giri lan sela.
*      Bentrokan kaleh sekolahan utawa kelompok belajar kala wau, saget bubar saksampunipun polisi dhateng lokasi kedadosan lan kelompok polisi ngawontanaken tembakan gas air mata . mboten wonten korban jiwa lan mboten wonten pelajar ingkang dipuntahan polisi saking kedadosan menika. Polisi inggih dereng sumerap sarana jelas pemicu kedadosan tawuran antawis kaleh sekolahan menika.
Dinda (Pembawa Acara)         :     supados para pamiyarsa langkung jelas warta menika, kula sampun sesarengan kaliyan  rencang kula, inggih menika Fatimah Azzahra wonten tempat kedadosan.
                                                            Sugeng enjang, kepriye kahanan nang kono, sakwise kadadeyan tawuran sabtu wingi?
Fatimah (Reporter)                   :     inggih para pamiyarsa, kawontenan wonten mriki sampun pulih kados wingiuni lan masyarakat sampun nglampahi pendamelanipun sehari-hari kados biasanipun . Supados pirsa kados pundi saget pirsa kawontenan sak leresipun nalika tawuran menika leres-leres kedadosan, wonten sisih kula sampun wonten ibu Suhartini ingkan mirsani sarana langsung tawuran lan mujudaken salah setunggal warga saking lokasi kedadosan.
                                                            Ibu  menawi pareng mengartosi asal-asalnipun tawuran nika kados pundi, kok saget kedadosan tawuran menika.
Suhartini (Narasumber)          :     kula inggih kirang mangertos mula bukanipun. Pokokipun ingkang kula sumurupi sampun katah murid SMA ingkang dhateng saking arah kilen lan kelompok ingkang setunggalipun dhateng saking arah wetan, terus kedhadosan antawis kaleh kelompok siswa kalawau sami gepuk-gepukkan.
Fatimah (Reporter)                   :     menapa wonten ingkang dipunrugiaken sawontenipun tawuran menika, kados to ngrusak rumah warga lan sanes-sanesnipun
Suhartini (Narasumber)          :     ohh, mboten wonten, nanging ingkang jelas kula taksih trauma kaliyan kedadosan menika.
Fatimah (Reporter)                   :     lajeng kados pundi tanggapan ibu perkawis tawuran ingkang kedadosan kala wingi ?
Suhartini (Narasumber)          :     ingkn jelas menika mboten pareng dipuntiru, sebabipun mangke saged ngrusak pakartinipun generasi bongso, utaminipun bangsa Indonesia
Fatimah (Reporter)                   :     matur nuwun sanged ibu, sesarengan infonipun utawa kejelasanipun wedal keserahaken dhateng Dinda lan Galuh wonten studio.
Galuh (Pembawa Acara)          :     fat, nganti saiki polisi isih enek nang kono?
Fatimah (Reporter)                   :     iya, nganti saiki polisi isih ana nang nggon kedadeyan, amarga jaga-jaga lan mengantisipasi kedadeyan tawuran maneh
Dinda (Pembawa Acara)         :     iya matur nuwun Fatimah
Fatimah (Reporter)                   :     cekap semanten pawarto sking kula, salam SCTV.
Galuh (Pembawa Acara)          :     para pamiyarsa, menika kala wau laporan Fatimah Azzahra saking lokasi kedadosan , info salengkakipun saget para pamiyarsa mirsani wonten Liputan 6 siang pukul 12.00 WIB
Galuh + Dinda                               :     salam SCTV…


Nama Anggota:
v  Dinda Ayu (Pembawa Acara)
v  Dyah Galuh (Pembawa Acara)
v  Fatimah Azzahra (Reporter)
v  Suhartini Nur A (Narasumber)
        

0 komentar:

Posting Komentar